Sumurup banyu ono ning kali, siwer kiwo tengene kaya
ora tau disaba manungsa. Lakuku mandhek ana ning sak ngisor uwit gedhe. Uwit
ringin sing gagah kaya gupala sing ngawa gadha sing auwrat banget.
Ning sak ngisore uwit ringin iki, aku eling marang
papestine gusti, “nadyan mung sedhelo kowe mlaku ana ing donya kudu sing tetek
marang kang purba wasesa”. Lali aku marang papesti sing gawe guyune para
priyayi.
Kluwung mega kae sing gawe aku eling marang papesti
sing tak arepi. Tak jaga apa pepesti iki sing gawe aku tansah gawe ayem ing
ati. Nanging rasa ing njero iki kaya manungsa sing nag kene kaya iya iyakno.
Gugahen nyawaku, nadyan mung sedhelo, tulung gugahen
bene aku iso ngerteni apa sing kudu aku reteni. Gugahen nyawaku nadyan mung sakedepe
mata, bene aku iso ngrungokake apa sing kudu aku rungokake. Duh gusti apa iya
wong urip ing donya iki pada keblinger karo donya.
Galo kae lintang pada uyak uyakan, apa pada manungsa
ora rumangsa yen lintang kae ana sik ngobahkake. Galo kae mega lan mendung pada
arak arakan gawe banyu tumetes ing sak pendhelengane mata, gawe tangise cah ayu
sing tansah pada ngremboko katresnane.
Gugahen nyawaku ing sak ngisore uwit ringin iki
nadyan mung sedhelo. Merteni papesti sing apa kudu di reteni.
No comments:
Post a Comment