Cerita wayang Ramayana : Sintha
Kandhusta
Pegat, apisah, Rama lan Shinta,
kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana,
saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng
ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang
kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra
lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang
sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng
gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba
suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti
dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat
tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara
ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira,
sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh
pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika
sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis
ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke
papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan. Endah kagete Rama lan
Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya
ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan
Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari
Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama
lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa sempurna. Awit
saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu
ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka,
Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman
didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha
mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing
silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku
ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange
sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan
dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa padu
karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali
nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa
dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke
wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman
didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni
kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala
Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong
kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe
Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka wujud
buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa,
Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan
Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama,
amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur
ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa
ala tumrap garwane.
No comments:
Post a Comment